Selasa, 31 Maret 2009

jodho

aku mesem wae naliko wong tuwaku nduduhake foto wong wadon sing jarene anak bupati iku....

konco lungguh

Sepur Senja Utama Solo sing tak tumpaki wis setengah jam ninggalake stasiun Senen Jakarta......

lingsir wengi

jiwo nyawiji
marang sing murbeng dumadi
nguras roso
kang cumanduk ing donya
kanggo ngilangi
reregedan cementhel ati
ing lingsir wengi
mung siji sing tak wigati
gusti pengeran sejati

Rabu, 11 Maret 2009

klaten

Kabupatèn Klathèn (basa Indonésia Kabupaten Klaten) iku salah siji kabupatèn ing Jawa Tengah, lokasiné ing sisih lor DIY, kutha Klathèn iku ibukutha kabupatèné. Amba wilayah Kabupaten iki ± 655,56 km².

Miturut géografi Kabupatèn Klathèn papané ing antara 110o30'-110o45' bujur wetan lan 7o30'-7o45' lintang kidul.
Jembaring wewengkon kabupatèn Klathèn ana 665,56 km2. Ing sisih wétan mawates karo
kabupaten Sukaharja. Ing sisih kidul mawatesan karo kabupaten Gunung Kidul (Daerah Istimewa Yogyakarta). Ing sisih kulon mawatesan karo kabupaten Sleman (Daerah Istimewa Yogyakarta) lan ing sisih lor mawatesan karo kabupaten Boyolali.
Miturut topografi, kabupatèn Klathèn tlatahé kabagi dadi panggonan ing antaraning
gunung Merapi lan pegunungan Sewu lan dhuwure antara 75-160 meter ing dhuwure sagara sing kabagi dadi tlatah ing lereng Gunung Merapi di bagian utara areal miring, wilayah datar dan wilayah berbukit di bagian selatan.
Ditinjo saka dhuwure, tlatah kabupatèn Klathèn tumata saka dataran lan pagunungan, lan nggone ana ing dhuwur sing beda-beda, yeku 9,72% panggonane ana ing dhuwur 0-100 meter saka sagara. 77,52% ana ing dhuwur 100-500 meter saka sagara lan 12,76% nggone ana ing dhuwur 500-1000 meter saka sagara.
Kahanan iklim Kabupatèn Klathèn kalebu iklim tropis karo mangsa udan lan mangsa kalaron silih ganti sadawaning
taun, temperatur udara rata-rata 28-30o Celsius lan curah udan rata-rata kurang luwih 153 mm saben sasi karo curah udan dhuwur dhewe sasi Januari (350mm) lan curah udan ngisor dhewe sasi Juli (8mm).

Kabupaten Klathen ketata saking 26 kecamatan, --- kelurahan lan 401 desa. Kecamatan-Kecamatan ing Kabupaten Klathen yaiku:
Kecamatan Bayat ,Kecamatan Cawas ,Kecamatan Ceper,Kecamatan Delanggu
Kecamatan Gantiwarno ,Kecamatan Jatinom,Kecamatan Jogonalan,Kecamatan Juwiring,Kecamatan Kalikotes ,Kecamatan Karanganom, Kecamatan Karangdowo, Kecamatan Karangnongko ,Kecamatan Kebonarum
Kecamatan Kemalang, Kecamatan Klathen Selatan ,Kecamatan Klathen Tengah
Kecamatan Klathen Utara ,Kecamatan Manisrenggo
Kecamatan Ngawen,Kecamatan Pedan Kecamatan Polanharjo
Kecamatan Prambanan ,Kecamatan Trucuk Kecamatan Tulung
Kecamatan Wedi, Kecamatan Wonosari

(Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi)


















Rabu, 04 Maret 2009

punakawan

Punakawan ing pewayangan padha dingerteni minangka abdine Pandawa. Semar kang paling tuwa nduweni awak lemu, matane kriyip-kriyip ugo jambul uwanen minangkani bapakne para panakawan liyane. Dene anak nomer loro yaiku gareng nduweni ciri sikil gejig, tangan ceko lan mat mlorok. Petruk igo kasebut Kantong Bolong minangkani anak no telu piadage paling dhuwur, irunge ugo paling dawa lan rambute dikucir. Bagong kang paling pungkasan nduweni awak lemu kayo Semar bapakne.

pambuko atur

blog iki mung sadermo kanggo ngunjal gunem nyawur atur, yen ono poro pamaos sing ora nujuprono sumonggo dingapuro. mugi ndadeake panglipur lan ngilangi pegel sayah...